Sabtu, 20 Februari 2010

haa nonton bal-balan he

wah nonton arsenal ning tvone, suenenge, jan nggumunke la wong koyone pemaine ki cilik-cilik kanggo ukurane wong eropa, ning kok tandange iso ngimbangi mungsuhe sik gedhe-gedhe. iki ayake sik disebut sepakbola indah. bal kok iso digirng ngango sikil kiwo utowo tengen, lan dioper la kok playune bal iso lucu, sok-sok lurus wae, ning sok-sok iso mlengkung. jan apik tenan. nek misale arsenal di mungsuhke pssi hasile opo yo? kiro-kiro piro yo pemain arsenal sik cedera ? pancen isih enak nonton bal luar negeri tinimbang dalam negeri. main bal kok koyone utek lan imajinasine ki kok dienggo, dadi nendang bal ki ora kudu sakkayange ning terkadang cukup alon ning tepat sasaran. yo wis lah nonton meneh, ning kok koyone lagi turun minum.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar